Kasultanan Gowa

Pura raja Gowa (1870-1892)
Litografi pura raja Gowa ing taun 1880-an (miturut lukisan Josias Cornelis Rappard)

Kasultanan Gowa utawa kadhangkala tinulis Goa, iku krajan gedhé sing ana ing laladan Sulawesi Kidul. Rakyat krajan iki asal saka Suku Makassar sing manggon ing sisih kidul lan pasisir kulon Sulawesi. Wewengkon krajan iki saiki dumunung ana ing tlatah Kabupatèn Gowa lan sawatara pérangan laladan saubengé. Krajan iki duwé raja sing paling misuwur kanthi sesebutan Sultan Hasanuddin, sing wektu semana ngayahi paprangan sing dikenal kanthi jeneng Perang Makassar (1666-1669) nglawan VOC sing dibantu déning Krajan Boné sing dikuwasani déning siji wangsa Suku Bugis lan rajané Arung Palakka. Perang Makassar dudu perang antarsuku amarga pihak Gowa duwé sekuthu saka kalangan Bugis; semono uga pihak Walanda-Boné duwé sekuthu wong Makassar. Perang Makassar ik perang gedhé dhéwé VOC sing ana ing abad angka 17.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy